Sunday 9 February 2014

Bar Dicekoki Inuman, Prawan Diperkosa Wong Lanang Telu

Bar Dicekoki Inuman, Prawan Diperkosa Wong Lanang Telu
Selasa, 04 Pebruari 2014
ADIPALA, – Nasib apes tiba maring Sekar (dudu jeneng sebenere), prawan umur 21 asal Desa Welahan Wetan, Kecamatan Adipala. Mergane dadi korban perkosaan wong lanang telu. Sing lewih parah, sedurunge diperkosa giliran, dheweke dicekoki inuman ndem-ndeman (miras, red) nganti ora sadar. Pelakune wis dicekel polisi, salah sijine satpam.

Ketelu tersangka sing decekel polisi jenenge Mugiono alias Nogleng (18), Saryono alias Yono (20), karo satpam salah sijine perusahaan tambang nang Welahan Wetan sing jenenge Sukisno alias Nogo (41). Telu-telune warga Desa Welahan Wetan, Kecamatan Adipala.

Mula bukane kedadeane, pas dina Kemis (30012014) Sekar sengaja dolan maring kisik Widarapayung. Ngerti-ngerti disengi kenalan nang Nogleng karo Yono. Sewise dopokan ngalor ngidul, korban ora sara elik lamona Nogleng tuku endem-ndeman. Wektu semono korban dipeksa kon melu nginum nganti sore antarane jam lima.

Ora krasa, korban sirahe nggliyeng merga dipeksa nginum nganti nglemporok ora sadar. Banjur, keloro bujangan kuwe nggawa korban maring nggon sepi lewih tepate belah wetan lapangan bal-balan RT 09 RW 06 Desa Welahan Wetan. Kebener wis mulai peteng nang kene korban diperkosa gentenan nang Nogleng karo Yono. Sewise marem, korban njur digawa maring nggon penambangan pasir wesi.

Ndilalah nang kono ketemu satpam Nogo sing agi jaga. Sewise rembugan lanangan, Nogo nggawa mlebu korban maring njero kamar mandi arep didusi. Ning sewise didusi, korban sing esih wuda tur during sadar njur giliran diperkosa nang Nogo.

Ora suwe njur ana wong wadon sing inisiale EL, kancane korban gotak maring Nogleng sing jebule uga kancane EL. Dheweke takon ana nang endi korban. Bareng diwei ngerti, EL banjur teka karo wong tuane korban maring lokasi nambang pasir wesi kuwe. Kaget ora lumrah, ndeleng kahanane korban thenger-thenger ora sadar. Banjur EL karo wong tuane Sekar nggawa korban maring rumah sakit.

Miturut Kapolres Cilacap AKBP Andry Triaspoetra didampingi Kasat Reskrim AKP Agus Puryadi, awale EL karo wong tuane korban ora ngerti lamona Sekar dadi korban perkosaan.

“Esuke, pas tanggal 31 Januari tembe kewenangan sewise korban sadar. Dheweke ngrasakna lara nang kemaluane,” jere Kapolres.

Kapolres njelasna, sewise korban divisum ketambahan nyritakna lelakon sing alami. Nah, nang kono konangan lamona korban diperkosa wektu ora sadar sewise dicekoki inuman ndem-ndeman. Ngerti kaya kuwe keluarga banjur nglapuraken kedadean kuwe maring Polres Cilacap.

Ora nganggo suwe, dina kuwe uga telu pelaku ditangkep polisi kon tanggung jawab maring tindakane.

Nang ngarepe polisi Nogleng karo Yono ngakoni nyekoki inuman maring Sekar dhisit maring korban, sedurunge diperkosa gentenan termasuk sing nulungi ngedusi.

Siki telu-telune tersangka ndekem nang njero sel Mapolres Cilacap nggo diproses lewit lanjut maning. Ketelune bakal diancem karo Pasal 285 dan 286 KUHP tentang pemerkosaan, dan diancam dengan hukuman 9 tahun penjara.

No comments:

Post a Comment